Pelayon

 Babak Pertama Keleleran Neng Jakarta

Arek deso Legowo kecamatan Bungah Gresik iki lulus Madrasah Aliyah Al-Asyhar tahun 1993. Mari lulus dikonkon cacakne sing jenenge Najib nang Kranji melu kursus (daura) bahasa arab di Pondok Pesantren Tarbiyatut Thalabah diwulang ust. Najib Junaidi karo Muyasir, mahasiswa LIPIA. Neng pondok iku arek iki melu kursus bareng arek-arek adek kelase, akhire kenal akrab karo Ali Mujib, salah sijine santri sing nduablek, tapi pinter.

Karepe Najib, waktu ngomong nang Emakne, supoyo Sahlul kuliah nang LIPIA wae, sebab kuliah nang kono dibayar. Dadi lumayan. Terus bahasa sehari-harine bahasa arab. Akhire sekitar bulan Juli 1993 Sahlul, Mas’ud, karo Hadi dititipno nang Dul Mu’thi lungo bareng nang Jakarta, numpak sepur gaya baru teko stasiun Babat.

Sekitar jam 9-10-an nyampeklah arek-arek sing sik culun-culun, lugu (lucu guwateli) nang Jakarta mudun Stasiun Jatinegara. Teko Stasiun, numpak metro mini mudun Manggarai langsung numpak bajaj nang Bukit Duri Tanjakan, Asrama LIPIA.

Rupane nang Jakarta Sahlul ketemu bolo sing cocok. Arek alumni MAN Bungah, Ibu Babat Bapak Suroboyo, jenenge Farhan Effendi. Arane tumbu ketemu tutup, akhire dolanan wong loroan wae. Sebab ndek asrama dilarang ngrokok. Rasakno koen. Akhire yo melaku-mlaku thok wae, numpak bis, bayar Rp. 100,- dari terminal sampe nang terminal liyane. Sampek pernah juga mbalek maneh nang terminal pertama.

Pas pengumuman ujian LIPIA, gak ono sing masuk blas. Mas’ud wis kadung pamit, akhire wirang arep balek, semono ugo Hadi, yo gak gelem balek. Mas’ud akhire nang Pondok Darur Rahman, Hadi emboh nandi. Sahlul karo si Farhan kribo muleh numpak sempur maneh. Mungkin podo setresse nang sepur nyanyi-nyanyi dewe. Pas nyampek Babat, Farhan mudun. Sampek saiki, karo-karone durung ketemu maneh...


Melayu nang Semarang

Wis pirang-pirang wulan gak lapo-lapo nang omah. Suwijine dino, Amnullah, cacakne Sahlul pas, kirim surat sing isine ngongkon adikne iki nang Semarang nggowo belatan kaligrafine Midzhar Ahsan, guru kaligrafine Sahlul.

Sekitar wulan September 1993, Sahlul berangkat ijenan nang Semarang, koyok wong ilang. Gak ngerti dalan, gak ngerti arah, sing penting deweke nuruti petunjuk teko cacakne mau. Teko terminar Gresik, numpak bis Indonesia jurusan Semarang. Teko terminar Semarang numpak bis Damri jurusan Jatingale, utowo Mangkang, utowo Banyumanik mudun pasar Johar. Engko onok jembatan sembrangan, ngisore onok toko bata. Sampinge toko bata ono gang. Melbu wae engko takok wong PPTQ.

Pas nyampe gang, arek iki bingung. Endi pondoke rek? Ono bangunan kok gak koyok pondok blas? Akhire deweke bablas wae nang samping masjid. Neng kono ketemu wong tuwo, tukang bersih-bersih masjid. ”Pak permisi, pintune pondok niki pundi nggeh?” Sahlul takok. ”Teko samping kene dik.” petunjuke mbah-mbah iku. Akhire Sahlul iki balek mane nang dalan sing dilewati mau.

”Permisi... niki...” Sahlul durung mari takok. ”Adike kang Najib yo?! Aku sing pernah nang nggone sampeyan, mosok lali? Aku Mas’ud.” Ternyata arek Jombang iki terus ngancani Sahlul nang endi-endi. Cak Ud iki akeh ceritane. Wong lucu, terus rodok-rodok sombong. Tapi asyik gembul karo arek iki. Sampek Sahlul yo dibujuk-bujuk karo konco-konco anyare nek pondok iki supoyo mondok sisan neng kono, termasuk Amnu. Sebab ”... awakmu yo duwe simpenan apalan 2 juz, gak popo lumayan.” Jarene Amnu.

Sak minggu nang Semarang, pas mule ndok Legowo, karo emakne dianggep krasan Nang Semarang. “Yaopo, koen nang Semarang pisan ta? Ketoke kok kerasan pisan.” Emakne takok. ”Yo, wis.” akhire Sahlul mutusno. Pas mutusno koyok ngono, Sahlul mikir, wah iki berarti sak umur uripku kudu tanggung jawab ngaji terus iki. Sebab jarene wong-wong nek wis apal Qur’an gak ole lali. Mari ngono Sahlul mulai ngapalno juz 2-3 ndek At-Thahiriyah.

Wulan Oktober 1993, akhire karo Najib berangkat nang Semarang. Pas sowan nang Abuya Abdullah Umar, kyaine PPTQ, ditakoi karo Abuya ”wis duwe apalan piro?” ”kale juz, Abuya.” cacakne njwab. ”hala... mung rong juz?” Akhire wis diputusno Sahlul ole mondok neng PPTQ. Ngapalno Qur’an kerjaane.


Nang Pondok

Jenenge arek anyar neng pondok, biasane kalem, sopan ambek tekun sisan. Sahlul rodok seje. Mentang-mentang wis duwe celengan apalan rong juz. Opo mane juz siji. Rodok lancarlah. Bareng pas setoran pertama kali, ternyata gak ole moco juz siji. Karo abuya Abdullah Umar dikonkon mulai teko ngisor, an-nas, terus al-alaq sak teruse mungga terus. Lucune, pas moco al-alaq, biasae arek iku nek moco kan mandek ben ayat. Karo abuya dikonkon langsung. Sahlul rodok bingung, pas abuya ngomong, “washalke…” opo maksude “washal” iku? Akhire Sahlul eleng istilah “washal, waqaf”, o.. diterusno tho..

Pas diwashalno, Sahlul gak wero harakat akhire. “qul a’udzu birobbil falaqo..”, mocone Sahlul. “Lho, kok qo” jarene abuya. “qul a’udzu birobbil falaqi, min syarrima..” di woco sampek mari.

Tibake, nek pondok iku, gak saben dino ngaji. Polae abuya wonge sibuk banget. Yo undangan ngaji, khataman, terus biasae duwe kelompok pengajian rutin. Paling sak wulan ngaji peng rolas. Akhire nek gak ngaji, Sahlul yo emboh nandi. Tapi biasae nang Sri Ratu, pasar swalayan. Nek kono Sahlul biasane nang nggone toko buku, sing didoleki sing sering buku-buku psikologi. Jarene, pingin weruh wateke wong iku piye. Tapi nek nang kono yo gak tau nemu buku sing dikarepno. Akhire yo buku opo wae sing seneng diwoco. Memang biasane gak ado teko buku psikologi karo buku agama (terutama tasawuf).

Kumpulane neng pondok, areke wis tuwo-tuwo. Rekene Sahlul sing paling enom nak kono. Deweke manggon ndok kamar siji, campur karo cacakne, Amnunllah, terus, kang Sururi arek Grobogan, kang Mahfudz yo arek Grobogan, kang Hafidzin arek Dempet Demak, Hamid yo arek Dempet Demak, Syahidin Cepiring Kendal, karo Syamsul Arifin arek Jember sing biasae diceluk ”Bose”, polae wis tuwo dewe.

Kamar sampinge, ono Paklek Cilik, Paklek Gede (cacak-adik), kang Masruhan, Mbah Wo, karo kang Hakim. Ngarpe, ono Kang ’Alim wonosobo, kang Fathoni Sayung Demak, Munif Pendekar, kang Mas’ud Jombang, kang Yasir Ngawi, kang Anam. Sampinge, ono Hilmi Lamongan, Mahfudz Sayung, Subhan Gede, kang Hajar Wonosobo, Hanfi arek Legowo, Subhan Cilik, Alim Cilik kadang-kadang Zainuri. Ngarepe, Kang Masrur, kang Ali Imron Sedan Rembang, kang Hamid Purwokerto, kang Ali Imron Mranggen Demak. Sampinge, ono Pikal, Kucing Kendal, Slamet Towil arek Semarang, karo mantune pak Suhadi. Kiro-kiro ikulah arek sing manggon nang pondok iku.

Masio arek sing terdaftar akeh, tapi gak saben dino ono. Kadang yo mule, kadang undangan simakan, kadang yo melu MTQ. Pokoke gak tau lengkap. Tapi arek-arek iku mau roto-roto wis apal minimal sepuluh juz. Kecuali, Munif Pendekar sik binnadzar, Sahlul sik rong juz, Yasir sik ngeja, karo Hanafi sik sekitar limang juzan.

Tidak ada komentar